Sindhunata *
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya si lapa pala siya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Singgah singgah kala singgah
Pas suminggah kala durga sumingkir
Singa ama singa wulu
Singa suku singa sirah
Singa tenggak klawan kala singa buntut
Muliha asalireki
Nyawaku nrima ing Allah
Nyawaku ngidlep ing Allah
Nyawaku ningali ing Allah
Panrimaku iman
Pangidhepku tokid
Paningalku makripat
Ya iku dulur sejatiku
Suminggaha kabeh sing Allah
Sumingkira kabeh sing dudu Allah
Widadari gumrubyug nekani
Pra samya amomong
Ana ngreksa ing kanan keringe
Ana nggawa kasur lawan guling
Kajangsirah adi
Kemul sutra alus
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya si lapa pala siya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Bumi kulitku, langit atiku
Srengenge mripatku, lintang susuku
Gunung irungku, mbulan mbun-mbunanku
Segara pipiku, kawah puserku
Udan kringetku, endhut sesukerku
Naraka wadhukku, lawanging naraka cangkemku
Lawanging suwarga kupingku
Tan pinisah jagad lan aku
Allah jumeneng antarane jagad lan aku
Teguhna tetemu telu iku
Tebihna pepisah telu iku
Kakang kawah adhi ari-ari
Payo padha nglumpuk
Mbok Nirbiyah lan Diyah den age
Bathok bolu uyuhe ywa keri
Lan dhuwit rong dhuwit
Myang domme ywa kantun
Widadari gumrubyug nekani
Pra samya amomong
Ana ngreksa ing kanan keringe
Ana nggawa kasur lawan guling
Kajangsirah adi
Kemul sutra alus
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya si lapa pala siya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Kombang ngisep sarining kembang
Manuk ngiyup ing wit-witan
Watu tumemplek ing gunung
Iwak nglangi ing kali
Awan gumantung ing langit
Atiku gumandhul ing mbulan
Manungsa padha rerangkulan
Raketna sing padha rangkulan
Cedhakna sing ora gelem rangkulan
Wringin sungsang wayahira tumuruna
Ngaubi awak mami
Lan tinuting bala
Pinacak suci kembar
Siwur burut tanpa akancing
Kayu trisula
Gagarannya calimprit
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya silapa pala siya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Lintangku bakal ambruk
Donyaku bakal remuk
Srengengeku bakal ngenthuyut
Mbulanku bakal mleruk
Pangarep-arepku tetep mbalenduk
Merga sihing Allah ora tau mliyak-mliyuk
Toh pati sanjari bumi sadumuk bathuk
Kang rineksa rahayu luput rencana
Ya Allahuma saksi
Bumi sineksenan
Ing langit keblat papat
Malaekat angideri
Nabi saleksa
Rumeksa siyang ratri
Allahuma, duh Gusti
paringa pekerti ing ala kula
saderenge kula tumindak ala
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing aneh kula
saderenge kula tumindak aneh
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing lepat kula
saderenge kula tumindak lepat
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing edan kula
saderenge kula tumindak edan
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing apes kula
saderenge kula tumindak apes
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing peteng kula
saderenge kula tumindak peteng
Allahuma duh Gusti
paringa pakerti ing getun kula
saderenge kula getuni tumindak aneh
Tan kena pisah siyang lan ratri
Tansah awor winor
Angemban angeraban salawase
Amuruki osik eneng mami
Awisik winisik
Akeh bekti lulus
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Allah mung duwe tanganku
kanggo nindakake pakaryan-E
Allah mung duwe sikilku
kanggo nggawa pepadhaku ing wewengkon-E
Allah mung duwe cangkemku
kanggo martakake kaagungan-E
Ya mung srana aku
Allah bisa nggawa bali manungsa ing dhiri-Ne
Aku iki kitabing Allah sing tinulis ing laku.
Kitabing Allah bisa kleru
ning Allah ora tau kleru
lan benering Allah iku tansah kewaca ing lakuku.
Aku iki kitabing Allah sing tinulis ing laku
Tibakna mring jalma lupa
Eling mengko eling embenireki
Rahayu saumur ingsung
Pratapan sun wis wikan
Ingsun ngadeg satengahing samudra gung
pLinggihku lintang johar
sasedya insung pasthi dadi
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Yen wis tekan wektuku
nalikane aku nyedaki lampus
moga aku tepang karo wadanane Allah
ing sawernane rupa sing nyimpen kuwasa
Kuasa sing ora dak wanuhi
Kuasa sing nyatroni aku
Kuasa sing arep ngrusak aku
Kuasa sing arep nyirnakake aku
Yen wis tekan wektuku
nalikane kuasaning awon lan piala
dumadakan jumedhul lan nibakake aku
Ya Allah dhewe sing rumasuk
tekan ing balung sungsum panandhangku
Ya Allah dhewe sing yirnakake kuasa ala iku
Ya Allah dhewe sing ninggalake aku
karo dhiri-Ne
Ana kidung rumeksa ing wengi
Teguh ayu luput ing lelara
Luput ing bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan wani perak ing mami
Tuju guna pan sirna
Ya Maraja Jaramaya
Ya marani nira maya
Ya midoro doromiya
Ya midosa sodomiya
Ya dayuda dayuda ya
Ya siyaca caya siya
Ya si hama maha siya
Ya Maraja Jaramaya
Allah ing ngarepku, ngenerne aku
Ya marani nira maya
Allah ing sisihku, ngrangkul aku
Ya silapa pala siya
Allah ing mburiku, ngayomi aku
Ya midoro doromiya
Allah ing ngisorku, nampani aku
Ya midosa sodomiya
Allah ing njeroku, nglipur aku
Ya dayuda dayuda ya
Allah ing kupengku, mbelani aku
Ya siyacacaya siya
Allah ing ndhuwurku, mberkahi aku
Ya si hama maha siya
Allah ing atiku, manunggal karo aku
Ya Maraja Jaramaya
Allah ing ngarepku, ngenerne aku
Ya marani nira maya
Allah ing sisihku, ngrangkul aku
Ya silapa pala siya
Allah ing mburiku, ngayomi aku
Ya midoro doromiya
Allah ing ngisorku, nampani aku
Ya midosa sodomiya
Allah ing njeroku, nglipur aku
Ya dayuda dayuda ya
Allah ing kupengku, mbelani aku
Ya siyacacaya siya
Allah ing ndhuwurku, mberkahi aku
Ya si hama maha siya
Allah ing atiku, manunggal karo aku
Allahumma. Amiin
_______________________
*) Sindhunata, nama lengkapnya Dr. Gabriel Possenti Sindhunata, SJ, lahir di Kota Batu, Malang, Jawa Timur, pada 12 Mei 1952. Penanggung jawab (pemimpin redaksi) majalah BASIS Yogyakarta, dan penulis tetap di rubrik Tanda-Tanda Zaman. Tamatan Sekolah Tinggi Filsafat Driyarkara Jakarta, tahun 1980, menyelesaikan studi teologi di Institut Filsafat Teologi Kentungan, Yogyakarta (1983), dan menyelesaikan program doktoral filsafat di Philosophische Fakultat SJ Munchen, Jerman (1986-1992). Ia lebih dikenal sebagai penulis features, dan buku-buku ilmiah, juga menulis dalam bahasa Jawa.
**) MANTRA TOLAK BALA karya Sindhunata di atas, ditulis ulang oleh Andhi Setyo Wibowo, pemangku acara bulanan SelaSastra di Jombang. Puisi tersebut diambil dari buku “Air Kata Kata,” Cetakan II, Maret 2004 (Cet. I, Desember 2003), Penerbit Galang Press, dan Bayu Media, Yogyakarta.