NASKAH DRAMA ANAK: MANGSA PACEKLIK

Karya: Agus R. Subagyo

Setelah reformasi, penebangan liar semakin marak terjadi. Bahkan pembukaan lahan dengan penebangan dan pembakaran hutan atas nama pembangunan pun tak jarang kita dengar. Musim pun tak lagi bisa diramalkan. Musim hujan, banjir, menjadi menu kejadian dan berita. Musim kemarau banyak daerah meradang kekeringan. Jamrud katulistiwa terkoyak.

Adegan 1

Malam bulan purnama di sebuah halaman luas tempat anak-anak biasa bermain.
Rida masuk panggung menembang (Mangsa Paceklik 1)

Perkara cilik dadi nglambra.
Suwe anggon sareh.
Amerga ngugemi benere dewe-dewe.
Ora bisa ngregani pangertene liyan.

Senengane padha golek menang.
Yen kalah isine mung panas ati.
Mangsa paceklik mangsa nggrangsang
Ayo padha ngleremake ati.

Selesai nembang, Rida clingak-clinguk mencari teman-temannya.

Rida: konco-koncoku nandi kabeh? (duduk dengan wajah kusut dan gelisah mengitar pandang) Jare ngejak dolanan! Kok jek sepi? (beranjak hendak pergi, rombongan anak-anak masuk menyanyi Padhang Bulan)

Semua: Yo pra kanca dolanan ing jaba.
Padhang wulan padhane kaya rina.
Rembulane e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore

Yo pra kanca dolanan ing jaba.
Rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina.
Yo padha dolanan sinambi guyonan.

Rida: dienteni kok suwi eram? (sambil mecucu)
Hafiz: jek kumpul maeng. Sing penting saiki wis ko kene.
Intan: iyo… wis ora usah sedih. Ayo seneng-seneng. Ayo nyanyi maneh.
Semua: Ayooooooooooo…
Hafiz: lagu opo?
Intan: Balonku ada 5 ae
Hafiz: gak usah… engko dar dor dardor dikiro merconan. Naik-naik ke puncak gunung ae
Semua: OKE
Intan: Siap-siap. Formasi sepur-sepuran. Wiiissss!
Semua: Siaaaaapppp!
Naik-naik ke puncak gunung tinggi-tinggi sekali.
Naik-naik ke puncak gunung tinggi-tinggi sekali.
Kiri kanan kulihat saja banyak pohon cemara.
Kiri kanan kulihat saja banyak pohon cemara.

Naik munggah ke puncak pucuk tinggi duwur sekali banget.
Naik munggah ke puncak pucuk tinggi duwur sekali banget.
Kiri kiwo kanan tengen banyak akeh pohon wit-witan.
Kiri kiwo kanan tengen banyak akeh pohon wit-witan.

Naik munggah ke puncak pucuk tinggi duwur sekali banget.
Naik munggah ke puncak pucuk tinggi duwur sekali banget.
Kiri kiwo kanan tengen banyak akeh pohon wit-witan.
Kiri kiwo kanan tengen banyak akeh pohon wit-witan.

Rida: Lho… wit-witane wis padha gak onok?
Hafiz: Iyo i…
Intan: Gundul!
Rida: Saiki akeh daerah yen mangsa rendheng banjir yen mangsa ketigo garing, amergo?
Semua: GUNDUL!
Rida: Saiki yen rendheng kakehan banyu, yen ketigo kangelan banyu, amergo?
Semua: GUNDUL!
Alas-alas gundul!
Gunung-gunung gundul!

Gundul-gundul pacul cul gembelengan.
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan.
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Alas-alas gundul ndul nggegirisi.
Gunung-gunung gundul ndul nggegirisi.
Banyu kali sabane tekan ratan.
Banyu udan dadine ngebaki dalan.

Alas-alas gundul ndul nggegirisi.
Gunung-gunung gundul ndul nggegirisi.
Banyu kali sabane tekan ratan.
Banyu udan dadine ngebaki dalan.
Lampu mati. Semua anak keluar panggung.

Adegan 2

Lampu menyala pelan. Anak-anak masuk panggung satu-satu membawa bibit tanaman Salam dan Saman dan menaruhnya di tengah panggung. Setelah semua bibit tanaman ditaruh ditengah panggung. Anak-anak berjalan memutar mengelilingi bibit sambil bergandengan tangan membentuk lingkaran dengan wajah serius kemudian duduk bersimpuh, wajah tertunduk berdoa.

Rida: (nembang Gurit Kleyang Aking Garing 2)

Ora mung karana netepi tembung wajib.
Nanging ana kang luwih adi edi peni.
Tinimbang kang bisa ginambarake.
Dening basa manungsa kang winates.

Ana pocapan angiyupa sangisore.
Kleyang aking garing kang sigra purna.
Labuh labet lan lila dadi rabuk ing agesang.
Bali sumuyut sungkem marang ibu bumi.

Ing kene dadi paseksen.
Ana gurit kang tuwuh tumus ing jaja.

Anak-anak menyelesaikan doa kemudian dengan wajah tetap serius saling pandang satu sama lain. Setelah beberapa saat saling melempar senyum dan mulai berdiri satu persatu mengambil bibit tanaman dan memberikan ke penonton secara acak.

Rida: Nadyanta katiga dawa
Lemah-lemah nela
Ananging winih
Kang siningit sajeroning bantala
Tansaya sengkud gumregut
Nali brata
Kinemulan kumriciking tuk
Kang tuhu anjampangi
Lelaku prasetyaning tumuwuh

Wiji nyawiji dadi
Wiji sawiji lestari.

Lampu mati

TAMAT

Keterangan:
1. Geguritan karya Nur Afif
2. Gurit Kleyang Aking Garing karya Nur Afif

Leave a Reply

Bahasa ยป